KADURAKAN ING KIDUL DRINGU

KADURAKAN ING KIDUL DRINGU
артикул: 2110200986
$2.18-3%
$2.12
Доставка из: Индонезия
   Описание
Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda
Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.
Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.
Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.
Penulis : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
   График изменения цены & курс обмена валют

Пользователи также просматривали